Kamis, 30 Oktober 2008

sawang -sinawang

Sawang-sinawang


Wang sinawang toggo-teparo podo sawang sinawang kahanan sedino-dino. Ora setitik wong kang podo panas endelok kahanan uripe tonggo teparone. akeh wong sing ora nerimo karo kahanan uripe sedino-dino lantaran kurange rasa sukur marang sing gawe urip. salah, salah kaprah tumprape wong sing pinter bersukur karo sing paring urip, lantaran ora duwene rasa sukur. sebape pikirane wong kang pinter bersukur iku, seje adoh karo wong seng gawehane mikiri napsu urip ning ndunyo.

Ono pitakon “neng ndunyo kuwe urip go mangan, utowo mangan go urip?” jawabane meng (2) loro.

Jawaban kaping pisan.

Urip ngo mangan artine wong kang mung mikiri urip nang ndunyo wae, lan ora mikiri aherate tumprap wong ngerti agama. lan pikirane koyo-koyo urip nang ndunyo sak lawase.

Jawaban kaping pindo.

Mangan go urip sing artine awake dewek urip neng ndunyo meng sedelo koyo-koyo meng numpang ngobe. Saiki biso mangan ora ono seng ngerti ngesuk isuk wis go layadan tonggo teparo.

Tidak ada komentar:

Surojoyo chat room